Gedhang kepok gedhang ijo

Cerkak iki wis kapacak ing Panjebar Semangat kanti irah-irahan GEDHANG KEPOK GEDHANG IJO, migunakake jeneng singlon (nama samaran)

Sore kuwi angin semidid saka awah. Langit katon padang tanpa mendung kang adat sabene saben sore mesti nggandul nang Purwokerto. Angin kang isis ndadekake nyong liyer-liyer lingguhan nang omaha-omahan sing sok nyong arani tempat peristirahatan, najan sederhana nemen. Pari nang sawah wis keton kuning-kuning mrusuh, weweg isine, kaya wewege gadis kang lagi adus nang kali kae. Nyong pancen duwe omah-omahan cilik nang pipir kali cilik sing mbatesi karo sawah kulon ngumah, Dene omaha-omahane jane ya isih nang lingkungan pekarangan. Tapi angger nggo leyeh-leyeh wektu sore jan asyik pisan koh, karo medangan nyambi ngemplok mendoan. Ujare wong Banyumas nylekamin pisan lah. Persis kaya Bung Karno yen ngaso nang Istana Tampaksiring nonton gadis Bali adus nang umbul Tirta empul ing ngisore kae, jarene wong akeh jaman biyen.

“Pak…pak……….”, ujug-ujug nyong krungu nyonyahku undang-undang, marakaken ra sida turu, wong wis liyer-liyer.

“Ana apa si bune ? Nganggo kenikmatan orang aja. Ngapa se mawi bengok-bengok barang kaya undang-undang bocah cilik”, aku mangsuli karo mandan kesuh.

“Tulungi disit kiye Pak, goletna godhong gedhang nggo gawe pepes. Aja lali godhong gedhang kepok bae”, ujare bojoku karo ngulungena peso nggo ngepet godhong. “tapi kae sing gedhange isih ijo godhonge aja dipeti ya, mbokan gedhange ra dadi”, nambahi omongan.

“Lah sapa sing arep ngepet gedhang kepok isih ijo?’, nyong munggel omongane. Bareng rampung ngomong kaya kuwe nyong banjutan kelingan nalika sepuluh tahun kepungkur. Wektu kuwe isih dadi mahasiswa sing ketone briga-brigi. Ya soal gedhong kepok isih ijo kuwe sing njalari ana cindil 2 nang umahku.

************

“Kang Parto wis tilik Anita nang ndokteran durung ?”, sore-sore Wisnu takon nyang aku sing lagi maca koran nang teras kos-kosan.

“Anita sapa to ya ?”, aku takon marang Wisnu. Aku pancen durung wanuh karo sekitar kos-kosan iki wong  aku lagi seminggu manggon ing daleme Bu Pratisto. Aku pancen wis kenal banget karo Wisnu wong dadi kanca nunggal sak kelas ing Biologi UNSUD. Dene aku manggon kos ing dukuhwaluh kene ya mergo Wisnu mumpung ana kamar kosong. Aku maune ya mamang mosok kuliah neng UNSUD koste neng Dukuhwaluh, harak adoh karo kampus, Nanging jare Wisnu kareben akeh kenalane saka  UMP utawa Universitas Muhammadiyah Purwokerto, aja mung mahasiswa UNSUD wae, ngono anggone nuturi aku. Aku dhewe durung patia paham basa banyumasan wong aku dhewe saka tanah wetan, genahe saka Yogya. Eeeee ndilalah ndaftar UGM ra ketampa, ketampane nang UNSUD.

Telung dina saka kabar kang aku krungu saka Wisnu.durung nganti aku tilik Anita neng rumah sakit bocahe wis bali. Ya kanggo pantes-pantes sanajan wis mari bocahe aku nyoba tilik ana ngomah, ngiras-ngirus karo kenalan, wong kost anyar.

“Asalamu’alaikum”, aku uluk salam menyang omah induk. Pancene mono omah sing dinggone cah kost ora dadi siji karo omah induk sing dipanggoni keluargane Pak Pras. Isih durung keprungu suara wong kang mbagekake.

“Assalamu’alaikum……………..”, aku ngambali maneh karo rada seru.

“Alaikum salam”, keprungu suara wadon saka njero ngomah, sing jelas dudu suarane Bu Pras wong aku wis wanuh.

“Madosi sinten Mas ?”, ngono pitakone cah wedok manis sing metu saka dalem sepisanan karo mbukakake lawang.

“Kula, lare kost enggal, nepangaken kula nami Heru”, ngono aku mangsuli karo ngatungake tangan ngajak salaman, “mBak sinten ?”, aku mbacutake takon, karang yo durunf ngerti sapa sing manggakake kuwi.

“Ooo nggih, kula Anita”, ngono wangsulane karo ngatungake tangan, mbales salaman karo mesem. Wadhuhhhh, eseme kuwi lho, pipine ndhekik lorone, nambah manisne. Iki to sing jenenge Anita sing jare Wisnu wingi opname.

“Terosipun kala wingi opname. Napa sampun mantun ? Napa kepareng mlebet ?”, aku takon karo njaluk ijin mlebu omah. Mosok jejeran kaya wayang wong wae.

“ooooo nggih, supen, badhe pinanggih ibu ?”, bocah manis kuwi malah takon karo sapa keperluane.

“Menawi angsal kula badhe pinanggih ingkang nembe sakit mawon”, ngono wangsulanku karo nggodha.

“Nggih mangga, mlebet, angsal mawon”, Anita mangsuli karo ngajak mlebu.

Sak pejagongan karo Anita werno-werno wae sing dikandhakake, Dasar bocahe kenes, kendel, wani nggodha, malah jare Wisnu karo dosene wae wani ngajak gojegan, dadi ya ana-ana wae critane. Aku lagi ngerti yen Anita lagi kuliah ana PGSD S1 ing Universitas Muhammadiyah Purwokerto semester loro. Aku yo banjur crita yen aku kuliah ana UNSUD ing Biologi semester 6.

“Menawi crios ngaten kok kados ketoprakan mawon nggih, Sakniki ngokoan mawon, lan aku ra sah ngundang mbak yo, wong adik kelasku adoh ngono kok”, aku mbukani rembug ben ora katon kagok.

“Yo sak kersane mase wae lah, nyong manut bae”, lah sak iki bareng nganggo ngoko banyumasane metu, ketok nek omongane mbleketaket.

“Jane wingi dik Anita sakit apa to kok nganti opname ?”, aku takon asal muasale diopname.

“Jane sepele, usus buntu. Kok yo ndadak kena usus buntu lo, wong kuwi organ sing ra ana gunane neng weteng, kejaba gunane kanggo nambah penghasilan para dokter”, ngono wangsulane karo ngguyu.

“Wah brarti bagian ngisor yo dicukur  model saiki no”, aku wiwit ngajak guyon.

“Ora mung cukur model saiki mas, model punk rock sajake”, Anita nambahi guyonanku.

Wiwit pertemuan sing sepisanan bubar lara kuwi aku dadi seneng dolan nanggone ibu Kos kanti pawadan nonton teve, dene ana anita yo syukur bisa ngobrol, yen ora yo ra papa, golek berita sing isine mung marahi mumet rakyat. La ra mumet piye, reregan mundhak ra mandheg-mandheg, jaman wis merdika nanging golek lenga patra wae angele kaya golek banyu ing mangsa ketiga ing tlatah Gunung Kidul. Jaren dikon konversi gas, nanging malah rega tabung gas ndedel ngawiyat, dene gase yo rada susah golekane. Durung berita korupsi sing ra uwis-uwis, endi sing wakil rakyat dicekel marga nganggo shabu-shabu, endi sing jare nampa suap illegal loging, suap pengalihan fungsi hutan lindung, endi sing nampa gratifikasi. Negara iki pancen bubrah tenanan, wakil rakyat wis ra bisa dipercaya maneh, dene eksekutife numpuk banda saka APBD kanggo mbalekake dhuwit sing wis metu nalika njago Bupati apa Gubernur. Piye rakyat mlarat  ra tambah sengsara yen ngene iki kahanane. Pancen bener bersama kita bisa, bisa sama-sama miskin, bisa sama-sama susah. Ning aku ra merduli piye mumete yen nonton berita sing kaya ngono kuwi, sing penting aku bisa sering ngobrol cah manis putrane bu kos sing jenenge Anita. Kaya wengi kuwi nalika nonton Republik Mimpi.

“Jane Anita ki pacare cah ngendi to “. Aku miwit takon sing rada serius. Pancen wis rada suwe aku wis ra nganggo dik maneh yen ngundang utawa ngajak omong, nadyan Anita isih nganggo imbuhan Mas nyang aku.

“Lah sapa sing gelem karo nyong Mas, wong elek kaya kiye, anake wong bakulan pisan”, wangsulane Anita karo ngguyu.

“Jare sapa ora nana sing gelem ? Bocah manis kaya kuwe kok ditolak, ana dhekik pipine pisan sing nambahi manis”, aku mangsuli karo cara banyumasan. Pancene mono aku kala-kala nganggo banyumasan sisan belajar, nanging yo kuwi basane dadi rusak, banyumasan dudu, wetanan ora. Rusak.

“Lah aja kaya kuwe Mas, nyatane nganti siki nyong durung duwe pacar”.

“Lah jane ya ana sing naksir lo Nit, wong ana sing tau ngomong, mung isih wedi arep ngomong langsung”.

“Sapa si wonge Mas ? Bocah ngendi ?”, Anita ndhesek takon sing naksir ndhekne. Nanging aku isih durung waleh yen sabenere nyong dhewek sing naksir.

“Nek gedhang kepok gedhang ijo bae primen Nit ?”, aku nakoni nganggo pasemon.

“Apa sih artine Mas ? “, Anita takon karo manda bingung. Wah tambah manis juga yen bingung. Tapi pancen wong angger lagi kasamaran, apa baen yo ketone tambah manis, tambah ayu, tambah sakabehane, nganti sing ra tinemu nalar ya memper. Jare Gombloh tai kucing baen rasane coklat.

“Biyen mondhok dadi bojo”, aku mangsuli karo mesem.

“Ahhh mas Heru ana-ana bae”, omonge Anita karo nggabloki gegerku.

Aku banjur meneng….meneng mandan suwe karo ngemataken teve, karo mikir kira-kira Anita ngerti ora aya karo isining atiku. Aku lagi sadar lan kagetr nalikane ana suara seru nang sandhingku.

“Paaaaaaak, primen sih, dikon ngepet godhong gedhang koh malah ngalamun”, lah jebul suarane bojoku. Aku mandan kaget juga dibengoki kaya kuwe.

“Ora koh Bu, kelingan jamane ngomong gedhang kepok gedhang ijo”, wangsulanku karo ngguyu nggleges.

“Ya wis ngana godhong gedhange kepok aja dipeti, godong gedhang kluthuke baen”, omonge nyonyah besar karo nguncluk mlebu ngumah. Ya nyonyah besar kuwe sing jamane gadis jenenge Anita.

************************